Sesorah

1. Pangerten

Sesorah utawa pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.Maca teks sesorah iku kudu bisa ngucapake kanthi :
a. Swara kang cukup, tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak.
b. Kedal kang cetha, yaiku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane.
c. Unjal napas kang bener, yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan.
2. Tujuane sesorah
       a) Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.       b) Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.       c) Aweh panglipur.       d) Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.
3. Metode sesorah
     a. Metode Naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung
     b. Metode Apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake
     c. Metode Dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa gawe naskah ndisik
     d. Metode Ekstemporan, yaiku sesorah kanthi ngunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah
      4. Bab sing perlu digatekake nalika sesorah
    1). Wicara   = ing bab rumpaking basa kudu ngerti keadaan papan saha swasana. Basa kang  digunakake kudu jumbuh/gathuk karo swasana sing lagi diadhepi
    2). Wiraga   = nalika sesorah becike nggunakake busana kang sopan lan kudu selaras karo tujuan sesorah lan kahananipun, sumringah, raos seneng, lan konsentrasi.
    3). Wirama  = wanggone ngucapke sesorah kudu jelas, wirama sesorah nalika ing manton bedo karo sesorah ing kesripahan. Anggone ngucapke ora kecepeten supaya gampang dipahami.
    4). Wirasa    = wong kang sesorah kudu duweni rasa mantep lan teteg, madhep marang pamirsa dan konsentrasi.
5. Perangan sesorah
a.       Salam pambuka
b.      Pambuka (purwaka basa)
-Atur pakurmatan
-Atur puja-puji
- Atur panuwun
c.       Isi (surasa basa)
d.      Panutup (wacana basa)
- Pangarep-arep
-Ngaturake luput
e.       Salam panutup
6. Tuladha Sesorah
a. Miturut gunane
·         Pasrah manten
·         Nampi manten
·         Sabda tama (sesorah tunggal)
·         Rapat umum
·         Tanggap wacana
·         Atur pangayu bagya
1.       Selapanan bayi
2.       Supitan/khitanan
3.       Manton
4.       Kasripahan lsp
b.       Miturut ancase
·         Atur pambagya harja  = nampi rawuhe tamu
·         Atur kabar  = maringi informasi dhateng para rawuh kanthi gamblang
·         Atur panglipur  = hiburan kanggo para rawuh
·         Pangajak-ajak        = ngajak-ajak para rawuh supaya nindakake apa sing wis di wedharaake


7. Unsure-unsur sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.


Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
               http://afparwati.blogspot.com/2017/05/materi-sesorah-bahasa-jawa-kelas-xi-sem.html
               http://fatmaa030.blogspot.com/2018/12/materi-sesorah-kelas-xi.html

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pawarta

Busana Adat Jawa