Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020

Iklan

Gambar
     Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan (TV lan radhio) lan iklan tulis (pamflet, poster, baliho). 1. Titikane Iklan                                 a). jujur     b.) obyektif     c.) cetha     d.) ringkes     e.) tembunge prasaja     f.) gampang dimangerteni     g.) narik kawigaten     h.) sopan     i.) logis 2. Titikane  Basa Iklan       ○ migunakake slogan      ○ ukarane persuasi utawa mbujuk wong  liya      ○ migunakake subjek wong kapisan 3. unsur - unsure iklan      » jeneng barang utawa jasa kang ditawakake     » pihak utawa pawongan kang ma...

Busana Adat Jawa

Gambar
    Ajining dhiri gumantung kedaling lathi,  ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean. Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: 1.) Blangkon utawa dhestar Tumrape wong Jawa,artine blangkon ora mung minangka tutup sirah. Blangkon duwe filsafat, uga minangka simbol status kanggo sing nganggo.Tembung blangkon iku asale saka tembung 'blangko', digunakake kanggo ngrujuk marang sesuatu sing wis siyap digunakake. Amarga wiwitan iki ora bisa digunakake kanthi langsung. Nanging diikat liwat proses nggawe simpul sing cukup rumit.  Saben wilayah duwe blangkon sing nduweni karakteristik beda. 2.) Beskap utawa atela Beskap utawa atela minangka salah sawijining busana tradhisional wong jawa sing asale saka kraton Surakarta. Bedane saka pemasanganne kancing klambi. Ing beskap, kancing klambi dipasang ing sisih te...

Sesorah

1. Pangerten Sesorah utawa pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.Maca teks sesorah iku kudu bisa ngucapake kanthi : a. Swara kang cukup, tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak. b. Kedal kang cetha, yaiku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. c. Unjal napas kang bener, yen ing basa Indonesia diarani  tempo  lan  penjedaan . 2.  Tujuane sesorah        a) Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.        b) Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.        c) Aweh panglipur.        d) Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara. 3. Me tode ...

Budaya Wewaler

Gambar
                     Wewaler sami kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon saking tembung gugu ( pracaya marang kandhaning liyan) uga tuhu ( nyata, temen ). Gugon tuhon yaiku ngandel dhateng prakara ingkang dipunanggep gadhah kadayan ngungkuli kodrat, nyangka sapancenanipun mboten. Gugon tuhon ing madyaning masyarakat Jawi dipunnamani pepali utawi awisan. Gugon tuhon kalebet kaprecayan tansah gadhah raos sumelang menawi mboten saged nyembadani prekara ingkang dipunanggep mbebayani niku. Gugon tuhon 1. Gugon tuhon salugu yaiku lare utawi tiyang ingkang dados mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku lare sukerta. Miturut kaprecayan, kunjuk ngusadhani supados mboten dimangsa Bathara Kala, kedah ditanggapake wayang kanthi lampahan Amurwakala. 2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebet pitutur ingkang mboten kalairake kanthi melok. kathah ngginakaken tembung  boten ilok utawa ora ilok  ingkang sejatinipun ngemu teges ...

Pawarta

Gambar
  Pawartos niku warta ingkang dipundhawahaken supados dipunngertosi dening tiyang benten utawi tiyang kathah. Manawa dipunningali saking samrikanipun, wonten pawartos ingkang ngginakaken medhia cithak uga wonten ugi ingkang ngginakaken medhia elektronik. Ingkang ngginakaken medhia cithak upamenanipun, ariwarti utawi koran, kalawarti utawi majalah, buletin, l uga sapanunggilipun. Dene ingkang ngginakaken medhia eletronik saged katemokake ing radhio ( media audio ), televisi ( media audio-visual ), uga internet ( media sosial). Jenise pawartos yaiku fakta uga opini. ● Perangane Pawarta    a. Headline, ginanipun kunjuk narik kawigatene pamaca, isinipun mujudake ringkesan saking sasedayanipun wiji pawartos ingkang dipunserat.    b. Dateline, isinipun papan uga kala kedadosan utawi naminipun serat warta uga papan kedadosanipun.    c. Lead utawi emperane pawartos, isinipun ringkesane pawartos, ginanipun kunjuk mbantu enemaken nemokake pokok isinipun paw...