Iklan


     Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan (TV lan radhio) lan iklan tulis (pamflet, poster, baliho).
1. Titikane Iklan                            
    a). jujur
    b.) obyektif
    c.) cetha
    d.) ringkes
    e.) tembunge prasaja
    f.) gampang dimangerteni
    g.) narik kawigaten
    h.) sopan
    i.) logis
2. Titikane Basa Iklan
     ○ migunakake slogan
     ○ ukarane persuasi utawa mbujuk wong  liya
     ○ migunakake subjek wong kapisan
3. unsur - unsure iklan
    » jeneng barang utawa jasa kang ditawakake
    » pihak utawa pawongan kang masang
    » alamate sing masang
    » kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake
4. Cara Gawe Iklan
    1) sing dituju kudu cetha
    2) sing ngirim kudu cetha
    3) barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha
    4) narik kawigaten sing maca
    5) nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca
    6) nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake
    7) bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake
    8) nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling
5. Carane Nulis Iklan
   a. temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa)
   b. gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
   c. ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.
6. Nyuguhake Teks Iklan
    - Paham isine iklan.
    - Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep
    - Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.


sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pawarta

Busana Adat Jawa

Sesorah