Budaya Wewaler

         

Hasil gambar untuk wewaler

          Wewaler sami kaliyan gugon tuhon. Gugon tuhon saking tembung gugu ( pracaya marang kandhaning liyan) uga tuhu ( nyata, temen ). Gugon tuhon yaiku ngandel dhateng prakara ingkang dipunanggep gadhah kadayan ngungkuli kodrat, nyangka sapancenanipun mboten. Gugon tuhon ing madyaning masyarakat Jawi dipunnamani pepali utawi awisan. Gugon tuhon kalebet kaprecayan tansah gadhah raos sumelang menawi mboten saged nyembadani prekara ingkang dipunanggep mbebayani niku.
Gugon tuhon
1. Gugon tuhon salugu yaiku lare utawi tiyang ingkang dados mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku lare sukerta. Miturut kaprecayan, kunjuk ngusadhani supados mboten dimangsa Bathara Kala, kedah ditanggapake wayang kanthi lampahan Amurwakala.
2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebet pitutur ingkang mboten kalairake kanthi melok. kathah ngginakaken tembung boten ilok utawa ora ilok ingkang sejatinipun ngemu teges mboten sae.
3. Gugon tuhon kalebet wewaler yaiku wewaler saking leluhur utawi tiyang ingkang dados cikal bakal amargi nindakake sawijining bab, lajeng wewaler kunjuk anak putu supados mbotrn ndherek nindakake.
                Budaya Jawi kaperang dados kalih arupi pituduh uga wewaler. Sedaya ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan.
Tuladhane wewaler uga artine
1. Mboten ilok lenggah ing bantal sirah, mangke wudunen.
Artine:
    Menawi lenggah ing bantal sirah mboten sae, amargi bantal sirah niku ingkang leres kunjuk mustaka
2. Ampun nedha kaliyan ngadeng, mbokan wetengipun dawa.
Artine:
    Nalare nedha kaliyan ngadeg niku saru, saenipun nedha kaliyan lenggah ingkang sae uga sopan.
3. Ampun ngidoni sumur, mangke suwing lambenipun.
Artine:
    Menawi sumur kenging idu, toya sak jrone sumur badhenipun reged sedaya uga mboten sehat, menapa malih menawi gadhah sesakit nular
4. Mboten ilok maringi lajeng nedha mantuk, mangke gulune godhoken.
Artine:
      nalika maringi 
menapa bae kedah iklas, mboten kenging dipuntedha malih.
5. Mboten ilok dolanan beras, mangke tanganipun kithing.
Artine:
    Nalare beras niku bahan panganan ingkang mboten sae menawi dinggo dolanan, amargi menawi nggo dolanan uwos niku saged semrawut uga kotor
6. Ampun ngangge rasukan ijo utawi Biru nalika dhateng pantai.
Artine :
    Dikhawatiraken nalika wonten ombak gede uga tiyangipun keseret ombak, Tim SAR badhe angel nulungine, sebab rasukanipun ngathah pada kaliyan warni laut.
7. Ampun medal sanding kala, mbokan diculik wewegombel.
Artine :
    Wewaler niki dipundamel supados lare-lare alit mboten medal ngumah nalika sanding kala utawi maghrib, amargi kalananipun ibadah.
8. Aja ngatingali kuku dalu-dalu.
Artine :
    Maksude supados tanganipun mboten tatu, amargi jaman rumiyen dereng wonten listrik, dados nalika ndalu niku peteng.
9. Mboten ilok singsot dalu-dalu, sebab bisa ngundang setan.
Artine :
    Amargi singsot dalu-dalu ndadekaken tetanggane kiwa tengen keganggu.
10. mboten ilok maem ngangge tutup lancaran
Artine :
    Tutup niku dipundamel dudu kunjuk maem, wewaler niki dipundamel supados tiyang saged ngangge barang nalika kaliyan fungsine

Sebabe tiyang jaman rumiyin ndamel wewaler mboten nyambet kaliyan nalar    :
Sanggih aneh uga mboten nalar wewalere tiyang-tiyang badhe minggah nggega, minggah percaya, uga tansah kelingan.
Wewaler niku kaucap dadakan kunjuk ngajrih-medeni dados mboten kemanah akibatipun ingkang mlebet nalar.





sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA
              http://www.jooinfoo.com/2018/05/wewaler-bahasa-jawa-contoh-dan-artinya.html

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pawarta

Busana Adat Jawa

Sesorah